Nglurug tanpa bala,
Sekti tanpa aji-aji,
Menang tanpa ngasorake,
Sugih tanpa bandha,
Wolak-walike jaman,
Jamane kaya ngene nasehat sesepuh Jawa iku wis ora kanggo
Mergo
Nalika kepingin ngganti kebijakan salah lan raja trus “nglurug tanpa bala” iku malah gak direken, dadine gendheng dhewe.
Nalika gelut, gegeran marang liyan trus nganggo “sekti tanpa aji-aji” ya mati ndhisiki.
Kepingin menang ing tarung ora isoh “menang tanpa ngasorake”, mesthi ngisin-isin sing kalah. Sawangen pilihan presiden kae, sawangen pertandingan sepak bola. Sing menang mesthi ngisin-isin sing kalah.
Saiki jamane dhuit ukurane ya gepokan karungan dhuit. Ora nduwe dhuit iku jenenge kere dudu sugih. Sugih tanpa bandha iku arane nglindur ing wayah rina padhang jingglang